Sakarepe Sing Gawe Urip
Sakarepe sing Gawe Urip
Kadang panas, kadang udan
Kadang malah udan panas
Yo sakarepe sing Gawe Urip
Ning udan panas iku yo nikmat
Nikmat isih di kei roso gawe ngrasake
Masio sambat yo nikmat
Isih di kei wektu lan tenogo kanggo sambat
Senajan sumeleh ugo nerimo di arani hikmat
Yo ra popo kabeh apik
Senjan apik durung mesti becik
Yo ra popo sakarepe sing Gawe Urip
Kadang tekane koyo dolanan
Ora kepungkur ugo koyo tenanan
Biso malah koyo guyonan
Yo sakarepe sing Gawe Urip
Gabung dalam percakapan